Langsung ke konten utama

Postingan

Menampilkan postingan dari Desember, 2017

Kumpulan teks pembawa acara maulid nabi bahasa jawa mudah

Assalamualikum Wr.Wb Bismillaahirrahmaanirrahiim, Alhamdulillaahi robbil ‘alamiin, wassolaatu wassalaamu’alaa asrofil anbiyaa ii wal mursaliin sayyidina muhammadin, wa’ala alihi wa’ashabihi ajma’in, Robbi srohli sodri wahsirli amri wahlul ukdatammi lisaani yafkohul kauli amma ba’du. Ingkang kawulo hormati poro alim soho poro ulama’ ingkang tansah kito to’ati fatwanipun Ingkang kawulo hormati dewan asatid asatidzah MDTQ Ingkang kawulo hormati wa bil khusus dumateng kepala MDTQ Bpk. Ky. Aminudin S.Pd.I Lan ugi santriwan santri wati MTDQ ingkang kawulo tresnani Sak derengipun acara kito milai Sumonggo kito panjataken raos pujo dalah puji syukur wonten ngarsanipun Allah SWT ingkang sampun maringi kito pinten-pinten rahmat, taufiq hidayah soho inyahipun dumateng kito sedoyo, sehinggo wonten dalu puniko kito saget makempal ing mriki majlis dalam rangka hurmat maulid Nabi Muhammad SAW kanti mboten wonten halangan setunggal punopo. Amin 3 x Ya Rabbal ‘Alamin